Commons:Wiki Tresna Budaya 2018

This page is a translated version of a page Commons:Wiki Cinta Budaya 2018 and the translation is 50% complete. Changes to the translation template, respectively the source language can be submitted through Commons:Wiki Cinta Budaya 2018 and have to be approved by a translation administrator.
Outdated translations are marked like this.

Wiki Tresna Budaya 2018 iku adon-adon foto bab budaya Indonésia wujud joged, lelagon, dolanan bocah, olah-olahan, ombèn-ombèn, lan sapanunggalané. Adon-adon iki katindakaké suwéné 30 dina kanthi online ing situs Wikimedia Commons. Wikimedia Commons iku salah siji proyèk Wikimedia Foundation, situs wèb kang ngemu kolèksi médhiyah (foto, vidhiyo, lan audhiyo) lan nganggo lisènsi Creative Commons.

Ancas

Adon-adon iki ancas muwuhi cacah foto budaya Indonésia kanthi lisènsi Creative Commons supaya bisa dienggo sapa baé. Kajaba iku, foto-foto kang wis kaunggah pangajabé bisa kanggo geganep artikel ing Wikipédia basa Indonésia dalah basa enggonan kang kacaturaké ing Indonésia, kaya ta Acih, Banjar, Banyumasan, Bugis, Gorontalo, Jawa, Malayu, Minangkabo, Sundha, lan Tétun.

Bebungah

  • Juwara 1: Canon EOS mirrorless
  • Juwara 2: Nikon Coolpix compact camera
  • Juwara 3: Sony Cyber-shot compact camera


Juwara 1, 2, lan 3 uga bakal olèh pakèt laku budaya

Juri

  • Christopher Woodrich - Wikipédiawan lan kontributor ing Wikimedia Commons
  • Feri Latief - Fotografer ing National Geographic Indonesia
  • M. Abduh Aziz - Pangarep ing Koalisi Seni Indonesia

Ketentuan umum kompetisi

  • Tidak ada batasan umur untuk peserta yang mengikuti kompetisi.
  • Foto yang sudah diikutsertakan dalam kompetisi fotografi lainnya, baik menang atau tidak, tidak diperkenankan untuk diikutsertakan lagi dalam kompetisi Wiki Cinta Budaya.

Paugeran adon-adon

 

Tata pambiji

  • Kala 1: Foto kang diunggah panyarta ing Wikimedia Commons bakal dipiji panitya mawa dhedhasar paugeran adon-adon.
  • Kala 2: Saben juri bakal milih 10 foto kang apik dhéwé. Gunggung ana 30 foto.
  • Kala 3: Saben juri bakal mènèhi biji. Foto telu kanthi biji dhuwur dhéwé bakal olèh bebungah.

Urut kala

  • 1 - 30 Sèptèmber 2018 - Kala adon-adon
  • 1 - 10 Oktober 2018 - Pamijining foto déning panitya
  • 1 - 25 Oktober 2018 - Pamijining foto déning juri
  • 26 Oktober 2018 - Wara-wara kang menang

Pitakon & Wangsulan

  • Apa aku bisa nganggo aplikasi Photoshop utawa aplikasi liyané saperlu mbesut foto sadurungé dakunggah?
    Bisa. Panjenengan kena mbesut mawa piranti alus apa baé mligi kanggo ngowahi padhang/kontras (brightness/contrast) lan saturasi warna tanpa kaladuk. Éndhani ngowahi warna kang kaladuk banget. Iki adon-adon foto, dudu adon-adon mbesut gambar dhigital.
  • Aku duwé kolèksi foto budaya Indonésia, nanging aku njupuk fotoné ing njaba mangsa adon-adon. Apa aku bisa ngélokaké fotoné ing adon-adon iki?
    Bisa. Angger panjenengan ngunggah fotoné ing dalem tanggal 1-30 Sèptèmber 2018, foto mau bisa kaèlokaké ing adon-adon iki.
  • Ana watesan cacah foto kang kaunggah?
    Ora ana. Panjenengan bisa ngunggah saakèh-akèhé. Nanging, prayogané panjenengan ngunggah foto kang kwalitèté apik.
  • Apa punggawa Wikimedia Indonesia lan Direktorat Jenderal Kebudayaan Kemendikbud bisa mèlu adon-adon Wiki Cinta Budaya?
    Punggawa Wikimedia Indonesia uga Direktorat Jenderal Kebudayaan Kemendikbud ora bisa mèlu adon-adon iki.
  • Aku duwé pitakon liya, ing endi aku bisa takon?
    Kabèh pitakon kang gegayutan adon-adon iki bisa kakirim lumantar layang ing kompetisi@wikimedia.or.id

Cara mèlu adon-adon

  1. Gawé akun ing Wikimedia Commons utawa mlebu log (log in) nganggo akun pribadiné panjenengan.
  2. Kasuwun supaya panjenengan nyinau pandom bab carané ngunggah foto ing Wikimedia Commons.
  3. Adon-adon ginelar kawit 1 Sèptèmber 2018 tekan 30 Sèptèmber 2018. Foto kang kaunggah ing njaba tanggal iku ora kaèlokaké.
  4. Aja lali kirim pranala (link) foto kang wis panjenengan unggah menyang kompetisi wikimedia.or.id mawa sesirah [WCB] - jeneng akun panjenengan, conto: [WCB] - Andi
Upload your photo

Pemenang

>> selengkapnya (Gallery)